Thursday, December 30, 2010

0

guyon banyumasan

Goyon Humor Ala Bayumasan
1 -Salesman
Kapanane onok Salesman Vaccum Cleaner teko ndik omahku.

Ewangku sik durung sempat ngomong opo-opo moro-moro salesman iku mau langsung nyebarno tembelek wedhus ndhik karpet.
Jarene ngene ”Wis pokok’e Buk, lek sampek vaccum cleanerku iki gak isok nyedot, tak jamin tak emploke sithok-sithok tembeleke wedhus iku.”
Jare ewangku “Peno kepingin didhulit sambel ta ngemploke ?”.
“Lho opok’o masalae ?” salesmane takok.
“Lha peno gak ndhelok ta lek saiki lampu mati …”
2 – Rasa Stroberi ta . . .?
Pas acara perpisahan arek TK, setiap murid nggowo kado gawe bu gurune.
Sing pertama maju anake pedagang bunga. Bu gurune ngambung kadone ambek mbedhek, “Isine kembang yo….”.
“Seratus buat bu guru..” jare anak’e pedagang bunga.
Sing kedua maju anak’e wong dhodhol mracang. Ambek bu gurune kadone
dikocok-kocok. Wah iki rodok angel mbedheke, pikire.
“Isine permen yo…”.
“Pinter bu guru..” jare anak’e wong dhodhol mracang.
Mari ngono, maju anak’e wong dhodhol es krim. Pas kadone diangkat, dhadhak netes. Ambek bu gurune tetesane diincipi.
“Es krime rasa anggur yo…” jare bu gurune kemeruh.
“Salah…” jare arek’e.
“Rasa stroberi ta…?” bu gurune kemeruh maneh.
“Salah ..” jare arek’e.
“Wis aku nyerah, rasa opo sih iku” takok bu gurune.
“Isine anak’e asu kok bu guru…”
3 -Ngentutan
Yuk Jah lungo perikso nang dokter.
“Opo’o sampeyan ning ?” Jare doktere.
Yuk Jah terus cerito, “Iki lho dok, wis sak wulan iki aku malih ngentutan.
Sak jam isok ping sepuluh aku ngentut. Cumak untunge, entutku iku gak mambu ambek gak onok suorone, dhadhi gak onok sing ngerti. Lha iki pas aku lungguh ndhik ngarepe sampeyan ae wis ping telu aku ngentut. Tapi sampeyan gak ngerti tho, mergo iku mau, entutku gak muni ambek gak mambu. Cumak aku malih gak enak dhewe, mosok arek wedhok ngentutan “.
“Oh, ngono ta.. Lek ngono tebusen resep iki. Seminggu maneh mbaliko rene maneh” jare doktere.
Pas wis seminggu yuk Jah mbalik maneh nang doktere.
“Wis enakan ta ?” takok doktere.
“Aku gak ngerti obat opo sing dokter kekno wingi, cumak entutku saiki kok
ambune malih bosok gak karuan. Sampek kudhu nggeblak aku. Tapi untunge entutku sik tetep gak muni”, jare yuk Jah.
“Berarti saiki irung sampeyan wis gak buntu maneh. Saiki tebusen resep iki
yo” jare doktere.
“Obat opo maneh iku pak dokter ?” takok yuk Jah.
“Obat kopok..”
4 -Lobang
Sakri ambek Nasip mlaku budhal mancing. Moro-moro Nasip ndhelok onok lobang guedhe.
“Kri, ayok dites jerune sak piro se lobang iki” jare Nasip.
Sakri njupuk watu kali terus diuncalno ndhik lobang mau.
Sui gak onok suorone blas…
“Whuik jerune…,” jare Sakri
“Watune kurang gedhe be’e, cobak kelopo” jare Nasip.
Sakri njupuk kelopo terus diuncalno maneh ndhik lobang.
Sepiii gak onok suorone….
“Whuik jerune…,” jare Sakri
“Sik, golek sing luwih gedhe maneh,” jare Nasip.
Mari golek-golek, arek loro iku akhire nemu beton bekas bantalane rel sepur.
Berhubung abhot, betone digotong wong loro terus disurung mlebu lobang.
Tapi yo ngono, suiii gak onok suorone…
“Cik jerune lobang iki..” jare Sakri
Moro-moro seko semak-semak, onok wedhus mlayu katene nubruk arek loro.
Selamete arek loro iku isok ngelesi, tapi sakno wedhuse sing kecemplung lobang.
Kagete jik durung ilang, moro-moro onok Wak Dri nggowo arit takok nang arek loro iku.
“He rek, kon ndhelok sing nyolong wedhusku ta ? Tak bacok’e wonge !!!”,
takok Wak Dri.
“Wah gak ngerti Wak Dri, cumak sik tas ae onok wedhus kecemplung lobang iku” jare Nasip.
“Oo gak mungkin.. dhudhuk wedhusku lek sing iku, wedhusku mau tak cancang ndhik betone rel sepur kok ”
5 -Avtur
Uwar ambek Joko koncoan apik, karo-karone kerjo ndhik Lanud Juanda bagian pengisian BBM pesawat.
Bengi-bengi pas udhan deres, Juanda sepi gak onok pesawat sing wani mudhun, wong loro iku malih nganggur gak onok gawean.
“Adem-adem ngene enak’e ngombe yo” jare Uwar.
“Wah iyo tepak iki. Awakmu tau krungu ta lek avtur iku isok diombe ?” jare
Joko.
“Yo tau se, jarene lek ngombe avtur isok mak busss !!..kon wani nyobak ta ?” Uwar mulai gunggungan.
Mari ngono arek loro mbukak krane truk tanki avtur.
Wis tuwuk ngombe arek loro iku mulih terus keturon.
Isuke pas Uwar tangi, rasane awak’e sueger kuat.
Moro-moro onok tilpun muni, tibak’e Joko sing nilpun.
“Yok opo kon War..?” jare Joko
“Wah whuenak, kon yok opo ?” jare Uwar.
“Awakku yo sueger pisan. Kon gak teler ta ?” jare Joko.
“Gak blas, aku yo gak ngelu blas. Wis pokok’e enak. Mene nyobak maneh ta”?” jare Uwar.
“Yo gak popo se, cumak aku kate takok, kon wis ngentut dhurung ?” takok Joko.
“Dhurung..” jare Uwar.
“Wah gawat iki. Wis pokok’e kon ojok sampek ngentut yo. Diempet ae sak
kuatmu. .” jare Joko.
“Lho opok’o masalae ..?” Uwar bingung.
“Soale aku saiki ndhik Banjarmasin..”
6 -Argowilis
Onok wong papat podho gak kenale numpak sepur Argowilis jurusan Suroboyo Bandung.
Sing pertama ibu-ibu umure sekitar 60an. Ketok’ane termasuk keluarga ningrat lek ndhelok pacak’ane.
Sebelahe ibu-ibu iku onok cewek ayu koyok covergirl majalah, umure sekitar
20an.
Ndhik ngarepe ibu-ibu iku mau onok tentara berseragam dinas, lengkap karo
tanda jasane. Pokoke berwibawa, umure 50an.
Sebelahe tentara mau onok arek lanang gondrong umure 25an. Ketok’ane
rocker.
Selama perjalanan, wong papat iku ngobrol macem-macem.
Sampek moro-moro sepure mlebu terowongan athik lampune mati, dhadhi
petengan pol. Wong papat iku malih meneng kabeh.
Gak sui moro-moro onok suoro pipi disun terus mari ngono suorone wong
dikaplok PLAK..!!!.
Wis mari ngono sepi maneh.
Sing ibu-ibu iku mau mbatin,” Wah hebat arek wedhok sebelahku iki, isok
menjaga harga diri, gak gelem diperlakukan sembarangan”.
Sing arek wedhok sebelae yo mbatin pisan,”Gak salah ta sing ngesun mau
iku, wong onok arek ayu koyok aku kok malah nenek-nenek tuwek sing disun”.
Lha sing tentara iku ambek ngusap-ngusap pipine sing kenek kaplok melok
mbatin pisan,”Jangkrik, gak melok ngesun tapi kenek kaplok. Dikiro aku
pengecut ta, lek aku gelem gak usah ngenteni peteng. Wah tersinggung aku”.
Arek rocker iku karo ngempet ngguyu melok mbatin pisan,”Kapan maneh rek,
isok ngaplok kolonel gathik konangan. Padahal sing tak sun mau iku tanganku dhewe”.
7 – MbahJo
Mbah Jo dirawat ndhik rumah sakit. Jare doktere asmane wis kronis, irunge
sampek dipasangi selang.
Wis pirang-pirang dino iki mbah Jo mueneeng ae koyok wong koma, mripate thok sing ketap-ketip.
Dikiro wis wayahe mangkat, anake nyelukno mudhin ben didungakno.
Pas Mudhine enak-enak ndungo, moro-moro Mbah Jo megap-mggap gak isok
ambekan, raine pucet, tangane gemeter.
Nganggo bahasa isyarat mbah Jo nirokno wong nulis.
Anake ngerti maksute, langsung dijupukno kertas ambek pulpen. Ambek
megap-megap, Mbah Jo nulis surat.
Karo siso-siso tenogone Mbah Jo ngekekno surate iku mau nang Pak Mudhine.
Ambek Pak Mudhine kertase iku mau langsung disaki, rasane kok gak tepak moco surat wasiat saiki, pikire Pak Mudhin.
Mari ngesaki surat Pak Mudhin nerusno ndungone.
Gak sui mari ngono mbah Jo mangkat. Akeh wong sing kelangan, soale masio sangar, Mbah Jo iku wonge apikan.
Pas selametan pitung dinane Mbah Jo, Pak Mudhin diundang maneh.
Mari mimpin ndungo, Pak Mudhin lagek iling lek dhe’e nganggo klambi batik
sing digawe pas mbah Jo mangkat.
Lha ndhik sake lak onok titipan surate Mbah Jo tah, waduh selamet iling aku
rek, pikire Pak Mudhin.
“Derek-derek sedoyo, onok surat seko almarhum Mbah Jo sing durung tak
sampekno nang peno kabeh. Lek ndhelok Mbah Jo pas uripe, isine mestine nasehat kanggo anak putune kabeh. Ayok diwoco bareng-bareng isi surate”.
Mari ngono pak Mudhin ngerogoh surat ndhik sak’e, bareng diwoco tibak’e munine..
HE.. NGALIO DHIN !!! OJOK NGADHEK NDHIK SELANG OXIGENKU !!!
8 -Jin
Mari kekeselen ngerombeng gak oleh-oleh, Kayat ngaso ndhik ngisore wit asem, mripate nguantuk, sikile kemeng, wetenge luwe.
Sik tas katene keturon, dhadhak sikile ngincak botol. Bareng botole
dijupuk dhadhak metu beluk’e, Kayat mencolot kuaget.
“Hua ha ha ha, jenengku jin botol, telu panjalukmu bakal tak turuti,”jare
jine.
“Gak percoyo aku, paling kon kate mbujuki aku. Biyen aku iki ngguanteng lan
sugih, lha saiki aku malih ireng mlarat koyok ngene iki mergo dibujuki
ambek jin” jare Kayat.
“Lho biyen iku be’e awakmu pethuk ambek jin kaspo, lha aku iki lak jin apik’an ta, dhadhi wis gak usah khawatir.
Opo maneh awakmu wis kadung koyok ngono, gak bakal isok luwih soro maneh, wis ta gak rugi pokok’e.
Lek gak percoyo, coba’en dhisik ae njaluk opo” jare jine maneh.
“Yo wis, awas lek awakmu mbujuk’i. Tak gibheng koen !!!. Sing pertama, aku kepingin ndhuwe dhuwik sak karung,” jare Kayat
“Meremo dhiluk..” jare jine. Ting… Pas melek moro-moro ndhik ngarepe
Kayat wis onok dhuwik sak karung, seket ewuan kabeh.
“Sik gak percoyo ta awakmu, saiki njaluk opo maneh .. ?” jare jine.
“Saiki …. aku njaluk omah mewah sak montore, pokok’e lengkap sak sembarange.” jarene Kayat.
“Meremo dhiluk..” jare jine. Ting… Pas melek moro-moro Kayat wis nang
njero omah mewah. Kayat sueneng gak karuan.
“Lha saiki kari sithok panjalukmu sing isok tak turuti, pikiren sing
temenan cik gak getun” jare jine.
Ambek merem-merem mbayangno, Kayat njaluk, “Aku kepingin kulitku malih
putih wudho dirubung wong wedhok akeh”.
Pas katene melek, samar-samar Kayat krungu suorone wong wedhok rame ambek keroso awake dicekel-cekel. Tapi kok mambu iwak pindang, pikire Kayat mulai curiga.
Bareng melek, Kayat kuaget lha kok wis nang tengah pasar, tibake Kayat wis
dhadhi tahu. . .
Bagian 2– Urip Bebojoan
1– Kaspo thok ! ! !
Sudjak pamitan ambek bojone kate tuku rokok sedhiluk.
Mari tuku rokok, dhadhak Sudjak kepethuk bekas pacare biyen.
Gak keroso enak-enak sir siran dhadhak wis jam rolas bengi.
“Waduh blaen iki, isok mencak-mencak bojoku. Aku njaluk wedhakmu sithik.” jare Sudjak ndhik bekas pacare.
Mari njaluk wedhak, Sudjak pamitan mulih.
“Ndhik endhi ae peno iku Cak, tuku rokok nang Hongkong ta ?” bojone mulai purik.
“Ngene lho dhik, mari tuku rokok aku pethuk cewek ayu terus dijak sirsiran sampek lali mulih” jare Sudjak.
“Cak.. cak.. modelmu ae athik sir siran barang.. sik ndhelok tanganmu!!!” jare bojone Sudjak.
Pas didhelok, tangane Sudjak putih kabeh.
“Kaspo thok . .!!! Mene sampek konangan karambol maneh awas koen yo!!!”
2 –“Rp. 200,000”
Sore-sore jam telu onok tamu teko omahe Cak No.
“Kulo nuwun. Aku Kusen ning. Cacakmu onok ta ?” jare tamune.
“Sik durung mulih.. diluk ngkas paling, pinarak sik Cak..” jare bojone Cak No.
Mari ngono arek loro malih asik ngobrol ambek ngenteni Cak No mulih.
“Sik tah ning, lek tak sawang-sawang sampeyan iku ayu lho athik seksi pisan” Kusen mulai ngerayu.
“Peno jok macem-macem lho, tak kandakno bojoku tebhal sampeyan” jare bojone Cak No.
“Ngene lho ning, aku wis gak tahan maneh. Lek aku oleh sun pipi sampeyan
pisan ae, dhuwik satus ewu iki jupuk’en” jare Kusen ambek ngetokno seket
ewuan loro.
Pikire bojone Cak No, mek disun thok ae, gak kiro konangan, opo maneh jamane krismon lak lumayan ta.
“Yo wis, tapi diluk ae yo”. jare bojone Cak No. Mari ngesun, Kusen ngekekno dhuwike.
“Tapi ning, aku sik gak lego lek gak ngesun karo-karone. Lek oleh ngesun
sithok’e, tak ke’i satus ewu maneh” jare Kusen.
Pikire bojone Cak No, yo gak opo-opo se, paling mek diluk koyok mau. Mari
ngesun, Kusen ngetokno satus ewu maneh.
Bojone Cak No sueneng gak karuan, “Sing iki pisan cak… gae bonus”, jarene.
Mari ngono Kusen terus pamitan alasane kesuwen ngenteni Cak No gak teko-teko soale katene arep onok urusan liyo.
Gak sui, Cak No mulih. “Cak mau onok konco sampeyan teko jenenge Kusen, wonge antik pol..” bojone cerito.
“Oh iyo pancen mbethik arek iku.. Jarene kate nyaur utang rong atus ewu, wis
dibayar ta ?.”
3 –Mulih Gasik
Munawar, Sapari ambek Kelik kerjo ndhik pabrik paralon.
Arek telu iki wis sui koncoan apik, cumak sayang Kelik wonge rodhok ndlahom sitik.
Arek telu iki niteni, ben dino bosse mesti mulih ndhisik’i, jam loro awan
ngono wis amblas.
Sui-sui arek telu iki mangkel kate melok-melok.
“Wis ngene ae rek, mene lek boss mulih awan, kene yo melok mulih awan pisan” jare Munawar.
Menene temenan, jam loro awan bosse wis mulih. Langsung ae arek telu iku
melok amblas.
Munawar gak mulih tapi langsung nang bengkel mbenakno sekok sepeda montore.
Lek Sapari mek salin thok terus budhal mancing.
Kelik thok sing mulih omah, langsung njujug kamar.
Lawang kamare dibukak alon-alon, karepe kate ngageti bojone.
Dhadhak malah Kelik dhewe sing kaget.
Masalae pas lawange dibukak Kelik ndhelok bojone lagek turu ambek bosse.
Mari ndhelok ngono, Kelik nutup lawange maneh alon-alon terus minggat.
Menene Sapari ngejak mulih gasik maneh, “Lumayan rek aku wingi oleh tombro gedhe-gedhe”.
“Ayok wis, aku tak melok kon mancing ae” jare Munawar.
Kelik thok sing gak gelem “Gak wis, gathik!!!. Kapok aku”.
“Lho opoko kon iku.?” takok konco-koncone.
“Soale wingi aku meh konangan bos…”
4 -Babaran
Bojone Turkan mbobhot gedhe, wis kari ngitung dino.
Jare konco-koncone, onok dukun sakti jenenge Wak So sing isok mindahno
lorone wong ngelairno seko ibuke ndhik bapake jabang bayi.
Mergo kepingin nyenengno bojo, Turkan manut opo jare konco-koncone.
Pas wis wayahe, Turkan ngeterno bojone ndhik nggone Wak So.
Karo Wak So, Turkan ditakoni kiro-kiro sak piro kuate nanggung lorone wong
babaran.
Gawe permulaan Turkan njaluk seprapat dhisik.
Ambek Wak So, Turkan sikile dicancang tali rafia terus dikongkon cekelan
amben sing kuat, soale masio mek seprapat, lorone wis gak ketulungan.
Mari moco aji-aji, Wak So mulai mindahno lorone bojone Turkan sing wis
tambah mules.
Tibake Turkan menter gak bengok-bengok blas. Wak So bingung, cik kuate arek iki.
Malah Turkan njaluk ditambah maneh lorone.
Ambek Wak So dipindahno maneh lorone sampek separo.
Tibake Turkan tetep menter gak keroso loro blas.
Mergo sik keroso kuat, Turkan njaluk ditambah maneh lorone sampek telung
prapat.
Masio bingung Wak So tetep nuruti panjaluke Turkan iku.
Tibake Turkan sik pancet menter, cumak rodhok pucet sitik.
Jarene Turkan, “Wis Wak So, lorone kekno aku kabeh ae, cik bojoku gak usah ngerasakno loro blas”.
Mari ambekan dhowo, Wak So ngepolno tenogone gawe mindahno lorone ndhik Turkan kabeh.
Gak sui ngono bayeke langsung lahir.
Bojone Turkan ketok seger mergo gak loro blas, bayeke yo seger, Turkan yo
sik isok mesam-mesem.
Ambek Wak So, Turkan disalami, “Hebat awakmu nak”.
Gak sui Turkan sak keluarga pamitan mulih.
Bareng katene mlebu montor, supire Turkan digugah mueneng ae, tibake wis
mati …..
5 –Bakul Bakwan
Enak-enak turu tengah wengi, anak’e Cak Srondhol nuangis koyok wong kewedhen.
“Aku ngimpi mbah Kakung mati …” jare anake.
“Wis gathik mewek, turuo maneh, iku ngono mek ngimpi” jare cak Srondhol.
Isuke onok interlokal ngabari lek Bapak’e Cak Srondhol kenek serangan jantung, mati.
Minggu ngarepe, anak’e nangis maneh tengah wengi.
“Aku ngimpi mbah Putri mati….” jare anake.
“Wis ta percoyo aku, iku ngono mek ngimpi, age ndhang turuo maneh” jare Cak Srondhol.
Menene onok interlokal maneh lek ibuk’e Cak Srondhol tibo kepleset ndhik jedhing, mati pisan.
Mari pitung dhinone ibuk’e, anak’e nangis maneh tengah wengi.
“Aku mimpi bapakku mati… ” jare anak’e.
“Koen ojok percoyo ambek ngimpi, wis kono turuo maneh” jare Cak Srondhol.
Mari anak’e turu maneh, genti Cak Srondhol sing gak isok turu.
Ketap-ketip, pucet kewedhen dhewe, pas temenan aku kate mati pikire.
Isuk’e bojone Cak Srondhol genti sing nangis berok-berok.
“Opoko koen iku isuk-isuk wis mbrebes mili ?” jare Cak Srondhol.
“Iku lho Cak…. bakul bakwan langgananku mati….”
6 -Purik
Sumar pas enak-enak nontok bal-balan ndhik tv, moro-moro bojone ngeriwuki
“Cak, lampu terase pedhot, tulung pasangno sing anyar po’o”.
“Masang lampu ?!!!. Koen kiro aku iki PLN ta…!!! ” jare Sumar
muring-muring.
“Yo wis lek gak gelem, ngene ae cak, tulung benakno kran banyu ndhik jeding
po’o cak, eman banyune amber-amber” takok bojone maneh.
“Mbenakno kran ?!!!. Koen kiro aku iki PDAM ta …!!! ” jare Sumar ambek
menteleng.
“Lengo gase yo entek pisan Cak, lek sampeyan tuku rokok aku tulung tukokno
pisan po’o cak..”
“Dikandani jek nambeng ae arek iki, koen kiro aku iki PERTAMINA ta..!!! ”
Sumar tambah mangkel.
Mergo mangkel diriwuki terus, Sumar minggat nontok bal-balan ndhik omahe
koncone.
Mulih jam loro isuk, Sumar kaget terase wis padhang. Pas wisuh ndhik jeding
banyune yo wis gak amber maneh.
Sumar yo ndhelok lek jerigen lengo gase wis diisi full.
Isuk’e Sumar takok ambek bojone sopo sing nulungi.
“Ngene lo Cak, mari sampeyan minggat mau, aku nuangis ndhik ngarep omah. Mari ngono onok arek lanang ngguanteng teko. De’e takok opoko kok nangis. Aku yo cerito lek lampuku pedhot, kranku bocor, lengo gasku entek, bojoku purik. Lha de’e nawakno kate nulungi cumak onok sarate…. ” bojone cerito.
“Opo sarate ?” Sumar mulai curiga.
“Sarate iku aku isok milih, nggawekno roti utowo nglencer karo de’e ” jare
bojone.
“Lha terus kon gawekno roti opo..? ” Sumar takok maneh.
“Nggawekno roti ?!!!. Sampeyan kiro aku iki Pabrik Roti ta !!!…”
Comments
0 Comments
Facebook Comments by Media Blogger

0 komentar:

Post a Comment